Dam Kamijoro

Dam Kamijoro

TVRI YOGYAKARTA NEWS –WIDI– HARIF YUDA

Nalika Walandi njajah Indonesia, kanyata ugi nilaraken bangunan ingkang gadhah mupangat ageng tumprap donyaning olah tetanen. Bangunan–bangunan wau saperangan tasih saged dipun panggihaken lan tasih dipun mupangataken, salah setunggalipun inggih menika dam kamijoro Taman Belanda.

Dam kamijoro dipun bangun ing penggokan arus lepen progo lan dumunung ing laladan padusunan plambongan, triwidesi, pajangan Bantul. Bangunan dam menika mujudaken bangunan tilaranipun alandi nalika njajah Indonesia, lan dumugining wekdal samenika kawontenaipun ugi tasih wetah, kalebet pirantos kangge ngatur toya lan gejligipun. Rikala jaman semanten dam menika saged ngoncori lahan olah tetanen ing gangsal kecamatan ing Bantul inggih menika, Srigading, Murtigading, Pandak, Srandakan lan Wiji Rejo. Murtini salah saweneh warga mratelaken bilih bangunan menika rumiyinipun kaawastanan dam kamijoro ananging jalaran dipun bangun rikala jaman Walandi, supados langkung kaloka saklajengipun kaparingan nama Taman Belanda. Pungkasaning wekdal menika  kawontenaning dam saged narik kawigatosaning warga masyarakat saking sakjawining laladan. Dam ingkang ugi asring sinebat dam ngantru menika,dipun dadosaken minagka jujugan wisata lan asring dipundadosaken papan kangge nindaken swapoto. Kawontenaning bangunan sinengkuyung kaendahaning seswangan alam sarta lepen progo ndamel sok sintena ingkang ngendhangi papan menika badhe remen manahipun. Kangge anyengkuyung donyaning wisata ugi sampun dipun bangun taman ing papan menika. Sawetawis ing sak pinggiring mergi ugi sampun wonten wande ingkang nyawisaken daharan dhumateng para pelancong.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *