TVRI YOGYAKARTA NEWS – ENDAH – WIDI
Sumber daya alam Ngayogyakarta kanyata mangaribawani tumprap asil karya seni. Sinaosa seni wau karipto saking pirantos ingkang sarwa prasaja lan lampahing karya ingkang winates, ananging asilipun mujudaken setunggaling karya seni ingkang gadhah bobot filosofis inggil, salah setunggalipun inggih menika bathik.
Batik tulis mujudaken setunggaling karya ingkang kathah diun asilaken dening para perajin bathik lan sampun dipun mangertosi dening warga masyarakat ing Indonesia menapaden manca negari. Ing sawetawi laladan kathah dipun panggihaken punjering kerajinan batik ingkang gadhah ciri mirunggan piyambak-piyambak, sae menika rerengganipun engga werninipun. Salah setunggaling laladan ing ngayogyakarta ingkang gadhah bathik mirunggan ingkang tetep njagi tradisi inggih menika kampung Batik Gulurejo, kaapanewon lendah, Kabupaten Kulonprogo.
Ing laladan menika wonten atusan warga mliginipun kaum pawestri,mmakarya ing donytaning olah karya babagan batik. Warga wau wonten ingkang dados juragan batik menapadene berah. Ngrembakaning seni Batik Gulurejo saya tikel sasampunipun dumados lindhu rikala tahun 2006. Kathahipun lembaga sosial masyarakat utawi lsm ingkang gdhah kabedulen ingkang ageng aengga wekdal samenika gulu rejo mujudaken kampun batik ingkang kaloka.
Inggih umbuk Haryanto saweneh warga ingkang mandegani tuwuh ngrembakanbing batik ing laladan menika. Umbuk nyarioasaken bilih saderengipun laladan menika wonten pengrajin batik, kathah warga ingkang sami makarya dados berah batik ing ngayogyakarta. Duk rikala semanten warga mliginipun pawestrui sami nglajo saking gulu rejo tumuju ing laladan Ngayogyalara saperlu berah mbatik ing juragan–juragan batik ae menika ing laladan Bantul, menapadene kitha Ngayogyaarta. Nguningani kawontenan ingkang mekaten menika salklakjengipun umbuk gadhah pamamnggih tenaga karya saking gulu rejo menika mboten kedah bidhal wanci enjing lan wangsul ing wanci sonten, ananging saged makarya piyambak ing gulu rejo. saklajengipun piyambakipun amiwiti ndamel kerajinaan bathik inigkang tenaga karyanipun saking warga masyarakat gulurejo piyambak. Gilir gumantosing wekdal gunggunging pengrajin saya ngrembaka, menawi sekawit namung wonten sekawan pengrajin, sakmenika sampun wonten kalih likyuran pengrajin ingkang sumebar sak Gulurejo.
Sinaosa jaman sampun ewah gumingsir, pandameling Batik Giri loyo tetep ngugeri tradisi leluhur. Saderengipun cita mori dipun batik langkung rumiyin dipun lemesaken kanthi cara dipun gemplong. Cita mori dipun gulung salajengipun dipun selehaken ing papan inkang radin salajengipun dipundeplok ngginaken alu saking kajeng. Sasampunipun lemes salajengipun dipun pola utawi gambar. Sasampunipun gambar dados salajengipun inggih menika nglowong inggih menika nggambaring sak wingkingipun mori jumbuh kaliyan gambar ingkang sampun dados, utawi ingkang asring sinebat nembusi. Sasampunipun nembusi salajenipun nembok, kridha menika meh sami kaliyan nglowong ananging ngginaken malam ingkang langkung kiyat, supados saged nahan rembesan werni biru menapadene soklat.tataran salajenuipun inggih menika medel utawi nyelup kangge paring werni biru supados jumbuh kaliyan menapa ingkang dipun kajengaken. Kridha ingkang kados mekaten menika dipun ambali makaping-kaping supados werni biru lankung cetha. Sasampunipun nyelup dipun lajengaken ngerok inggih menika ngicali lilin klowongan supados menawi dipun soiga tilasipun dados werni soklat sak purnanipun ngerok kalajengaken nyoga inggih menika paring werni soklat ngginaken bahan alami kadosta kulit kajeng soga, tingi, tegeran lan sapanunggalanipun. Tataarn ingkang pungkasan ing salebeting ndamel bathik tulis inggih menika mbabar inggih menika ngresiki malam ingkang nempal ing cita. Salajengipun cita wau dipun angin-anginaken utawi dipun pepe. Ing salebeting ndamel setungal lembar cita batik menika padatanipun mboten namung dipun tindaken setunggal tiyang, ananging sawetwis tiyang ingkang gadhah pedamelan pioyambak-piyambak.
Gesang ing ngalam donya menkaten mujuadken setunggaling perjuwangan. Mekaten ingkang tansah dipun ugemi dening kaum pawestri ingkang dedunung ing Desa Gulurejo, Kapanewon lendah, Kulonprogo. Mboten wonten wekdal kangg guyon parikena ing antawispun tangga tepalihipun, saben dintenipun para ibu ing laladan menika sami nguri-uri warisan budaya adiluhung arupi batik ngiras pantesn meninagka dados cagaking gesang, kanthi makarya ing donyaning olah rasa donyaning batik.
Opah ingkang dipun asilaken anes mujudaken setunggal setunggaling tujuwan ingkang utami, ananging ingkang langkung wigatos menapa ingkang dipun tindaken dening ibu-ibu menapadene pemngrajin menika mujudaken salah satunggaling kupiya kangge njagi warisan leluhur supados tetep lestantun.