TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-HARIF YUDHA
Para pamirsa, nanem jati gadhah pangajeng-ajeng ingkang sae, jumbuh kaliyan panyuwuanan peken ingkang inggil.
Sampun kawit jaman rumiyin laladan Padusunan Mates, Argorejo, Sedayu Bantul kaloka minangka laladan ingkang ngasil-aken kajeng jati. Ing laladan menika meh saben pekawisan menapadene tegalaning warga kathah dipun tuwuhi taneman jati ingkang gadhah nama latin tectona grandis menika. Kajawi pasitenipun cocok kangge nanem wit jati, jinis taneman menika gadhah bobot kualitas, inggil kiyat, lan tahan lami. Kajeng jati dipun mupangtaken minagka kangge prabnot balegriota, engga balungan griya. Parjono saweneh warga mratelaken bilih wit jati ingkang tuwuh ing pekawisan lan tegalan menika gilir gumantosing wekdal dados pilihanipun masyarakat, ing laladan menika minagka kangge celengan ing jangka panjang. Taneman jati ingkang tuwuh ing pekawisan menika miturut Parjono tuwuh kanthi cara alami, kadugi saking wiji jati ingkang dhawah saklajengipun tuwuh mekaten kemawon. Mboten wonten pangrimatan ingkang mirunggan ing saklebeting nindaken budidya taneman jati menika, ananging supados saged tuwuh kanthi cepet, kajawi nyukani rabuk kandhang saben setengah tahun sepisan, ugi dipun tambah mawi rabuk pabrikan arupi NPK pertumbuhan saben sewulan sepisan. Amam ingkang asring nrajang taneman jati inggih menika arupi uler, sinaosa mekaten kathahing uler mboten mangaribawni tumprap tuwuh ngrembakaning wit jati, kepara enthung jati ugi saged dipun mangsak dados olahan ingkang miruinggan, Parjono nelaken bilh nanem wit jati menika mujudaken celengan kangge jangka wekdal panjang, padatanipun dipun sade ngepasi lare sekolah menapade mbangun griya. Nalika panen mboten wonten pathokan ingkang mirunggan, menawi betah ingggih lajeng dipun sade. Setunggal kubik kajeng jati sakmenika ngancik gangsal yuta dumugi sedasa yuta rupiyah.