TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY SAPUTRA-ABDUL ROHIM
Para pamirsa, kejawi lombok imperial, kadang tani ugi kathah ingkang mekaraken lombok genio ingkang kalabet lombok jinis unggul lan tahan skaing ama lan seskait.
Kados mekaten menika taneman lombok genio ingkang dipun tanem dening natun saweneh kadang tani ing laladan sanden bantul. Piyambakipun ngandaraekn bilih lombok genio mekaten kadosdene lombok kriting ananging wohipun lempeng. Taneman lombok ingkang dipun tanem menika smapun ngancik umur 10 dinten. Ing wekdal skamenika piyambakipun nembe nangsuli taneman lombok genio ingkang sampun wiwit ageng. Menawi mboten dipun tangsuli saged ndamel taneman lombok menika gampil rebag wusananipun ngawekani tuwuhipun tanemna lombok. Piyambakipun ngandaraken bilih pancen ing laladanipun menika kathah kadang tani ingkang nanem lombok jinis imperial ingkang cocok sanget kaliyan kawontenan alam laladan menika, ananaging piyambakipun nyobi nanem lombok genio ing pangajab mangkeh asilipun ugi sae. Taneman lombok genio ingkang dipun tanem menika wonten ing bedengan ingkang sakiwa tengenipun wonten ilen-ilenipun kangge ngawekani nalika jawah ingkang taksih dumados saengga mboten ngembeng. Kawuningana bilih taneman lombok menika ringkih sanget dateng toya. Menawi kekathahen saged ndamel taneman lombok katerak ama pathek. Taneman lombok ingkang dipun tanem menika kapetang sae, dereng wonten ama menapadene seskait ingkang dipun prangguli. Sanadyan laladan menika celak kaliyan laladan pesisir ananging kanyata mboten mangaribaweani tuwuhing taneman lombok. Kadang tani ajeg ngrabuk tanemanipun kangge ndamel taneman menika tyuwuh kanthi subur. Taneman lombok, sampun dados setunggaling komoditi piyandelipun kadang tani.