TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-HARIF YUDA
Para pamirsa, panywuanan tiuket bis saking Ngayogyakarta, tumuju sakjawining laladan dumugining wekdal sakmenika tasih sepen.
Seminggu ngajengi tumapakaing dinten bakjda riyadi p, panywuanan tiket bis saking Ngayogyakarta ingkang badhe tumuju ing sakjawining laladan tasih sepen saking calon penumpangkipun . Supriyadi saweneh agen tiket ing pra sekawanan dongkelan ngandaraken bilih tasih sepenipun calon penumpang, kadugi wekdal sakmeniak pawiyatan, menapadene pawiyatan luhur dereng prei sarta dereng mlebet ing cuti preen lebaran 1445 hijriyah. Miturut Supriyadi regi tiket ugi sampun mindhak tigang dasanan persen saking dinten padatanipun.
Sawetawis menika heri, saweneh caloin penumpang ingkang badhe tindakaken dateng bandung, ngandaraken bilih tiket bis dumugi sakmenika tasih gampil, sinaosa reginipun sampun wiwit mindhak.
Para agen bis namung saged ngajab supados, sakbibaripun pengetan dinten riyaya idul fitri jumbuh kaliyan wontenipun arus balik, panyuwunan tiket bis saya sae.