TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-HARIF YUDA
Para pamirsa, ngajengi tumapaking dinten bakda riyadi, panyuwuanan emping mlinjo minbdhak engga 100 persen. Jalaran winatensing bahan baken lan panuwuanan inggil regi emping ugi nemahi mindhak.
Wulan suci ramadhan mujudaken wulan ingkang kebak ing kaberkahan, kelebet mberkahi tumrap para pengrajin emping ing laladan Tegal Kenanga, Tirtonirmolo Kasihan Bantul. Ing wulan suci ramdhan menika panyuwnanan emping mindhak engga 100 persen, kapandingaken kaliyan dinten padatanipun. Menawi ing wulan umumipun sedinten namung pajeng 20 engga 30 kg emping, sakmenika saged ngancik 50 kg. Adi saweneh pengrajin emping saking tegal kenanga, ngandraken bilih sakjatosipun panywuanan langkung kathah malih, ananging wekdal sakemniak kewetan bahan bakenipun.
Kajawi dipun sade dhumateng konsumen ing sakiwatengenipun, asiling kerajinan emping menika ugi dipun sade ing supermarket. Usaha ndamel emping mlinjo ingkang katindaken dening Adi menika kawiwitan tahun 2006, sakbibaripun dumados lindhua ageng. Wiwitanipun adi ing saklebetring nyade asiling produksi namung ing peken lan toko–toko ingkang temtunipun panyuwnanipun mboiten ajeg. Saklajengipun piyabakipun tansah kupiya pados peken enggal wusananipun piyambakipun saged mlebet ing peken modern utawi supermarket, kangge njagi bobot kasaenan lan kontinyuitas adi nindaken sub pedamelan kaliyan warga masyarakt ing laladan Pajangan Bantul. Para pengrajin utawi berah thutuk emping, dipun pitados dening wasito adi jalaran sampun prigel lan saged njagi bobot kasaenanipun.