Mina Ayam Arab

Mina Ayam Arab

TVRI YOGYAKARTA NEWSWIDI-HARIF YUDHA

Njamboraken usaha ngingah ayam arab kaliyan  ulam kanyata asilipun tikel tekuk, jalaran wonten kalih komoditas ingkang saged dipun panen.

Ayam arab mujudaken setunggaling jinis ayam ingkang unggul jalaran saben setunggal tahunipun saged nigan satus sangang dasa engga kalih atus seket iji. Produktifitas ingkang inggil menika mujudaken setunggaling kalodhangan usaha ingkang sae kangge nikel-aken drajat kraharjanin kulawarga. Ngingah ayam arab menika paring bebathen ingkang maremaken, jalaran ukuran badan ingkang namung alit, pakan ingkang dipun betahaken inggih namung sekedhik. Saben dintenipun setunggal ayam arab namung mbetahaken pakan udakawis pitung gram kemawon ingkang dipun sukaaaken wanci enjing lan sonten. Pakan wau dumados saking campuran jagung giling, pur, sarta katul lan sekul aking. Sawetawis kangge ngendhaleni wontenipun sesakit ingkang baken inggih menika njagi karesikaning kandang sarta, disinfektan kanthi ajeg. Ayam menika saged ngasilaken tigan kanthi maksimal engga umur kalih tahun, sasampunipun kalih tahun  ayam-ingkang mboten purun nigan wau dipun dadosaken ayam afkiran. Usaha budidaya ayam arab ingkang katindaken menika  dipun jamboraken kaliyan ngingah ulam. Kandang ayam dipun papanaken ing sak nginggiling blumbang ulam, kanthi cara menika ing sakalebeting ngingah ulam badhe ngirit beya pakanipun saengga asilipun badhe tikel tekuk.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *