TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-HARIF YUDHA
Para pamirsa, langkanipun ayam serama, ndamel ayam jinis menika tasih awis pengaosipun saengga ngingah ayam menika nggadhai pangajeng-ajeng ingkang sae.
Ayam serama mujudaken salah satunggaling jinis ayam hias ingkang asalipun saking negari malesyia. Ing negarinipun ayam menika kathah-kathahipun dipun ingah dening kaum bangsawan, ayam serama menika mboten dipun adusupados tarung, ananging kapurih mlampah–mlampah ing panggung, kadosdene nalika peragawan mlampah ing sak nginggiling catwalk. Sinaosa asalipun saking negari malesyia, jinis ayam menika ugi sampun wiwit dipun budidayaken dening masyarakat ing ngayogyakarta. Menawi dipun pirsani sak tleraman, bleger badanipun ayam serama menika kadosdene ayam kate, ananging ukuranipun langkung alit. Ayam serama menika dipun pratelaken minagka ayam ingkang alit piyambak sak donya jalaran bobotipun namung tigang ons kemawon. Ing saklebeting nindaken usaha budidaya, namung ngginakaen kandhang kanthi ukuran setunggal setengah kaping setunggal setengah, ingkang dipun isi sak jodo ayam serama. Radin-radin ayam serama menika nigan engga sekawan iji lan netes ing jangka wekdal selikur dinten. Ing salebeting budidaya ayam serama menika mboten mbetahaken pangrimatan ingkang mirunggan. Pakan ingkang dipun ginaken inggih menika campuran katul, jagung giling lan pur. Kangge ngawekani sesakit, dipun vaksin kanthi ajeg sarta ngresiki kandhangipun. Tigan ayam serama menika menawi netes langsung dipun pendhet para sutresnanipun saengga mboten gadhah kalodhangan kangge ngagengaken. Ayam-ayam menika dipun pendhep para sutresnaipun saking ngayogyakarta kepara saking surabaya, lan jakarta. Ayam serama ingkang sae lan siyaga tumut pasanggiri pengaosipun ngancik puluhan yuta rupiyah.