TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY
Kejawi saged dipun tanemi manekawerni taneman olah tetanen, ing lahan pesisir kanyata ugis aged kangge nindaaken budidoaya taneman woh markisa ingkang asilipun sae ngiras pantes kangge eyup-eyup pekawisan.
Nindaaken budidaya manekawerni who-wohan ing pekawisan griya tentu mujudaken kekajenganipun ngakathah. Kejawi saged kangge nyekapi kabetahan who padintenan, taneman woh ingkang subur temtu ndamel endahing sesawangan. Menawi asil panenipun sae lan kathah temtu saged dipun sade lan saged dados sumbering wulu wetu. Salah setunggaling jinis taneman who ingkang saged dipun budidaya inggih menika taneman markisa. Wit markisa menika mujudaken setunggaling jinis taneman sub tropis ananging ugi saged tuwuh subur ing siti ingkang inggilipun langkung saking wolung atus meter saking sanginggiling seganten. Cara mbabar taneman markisa menika gempil sanget, kajawi saged tuwuh saking wijinipun kanthi dipun stek kemawon sampun saged tuwuh. Mboten wonten panggulawenthah ingkang mirunggan ing salebeting budidaya, kepara dipun rambataken ing wit sanes sampun saged tuwuh kanthi subur. Kejawi menika taneman who markisa ugi saged dipun rambataken wonten ing setunggaling papan kados gepura ing ngajeng griya. Kanthi jangka wekdal sekawan wulan taneman markisa menika sampun saged mawoh. Kajawi kangge nyekapi kabetahaning vitamin wit markisa ingkang katanem menika ugi saged kangge eyup-eyup ngawekani bentering suryo. Kajawi saged dipun dahar minagka woh-wohan seger, woh markisa menika ugi saged dipun damel sirup.