TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY-ABDUL ROCHIM
Ing wekdal sakmeika papan ingkang ciyut mekaten mboten dados pepalang kangge nindaaken manekawerni usaha tani menapadene ternak, kados ingkang dipun tindaaken saweneh warga pandak ingkang ngingah ulam lele ing blumbang ingkang ciyut.
Kados mekaten menika blumbang budidaya lele ingkang dipun ingah dening saweneh warga Paingan Pandak Bantul. Piyambakipun mupangataken papan ingkang ciyut kangge nindaaken budidaya lele. Wonten tigang blumbang ingkang sedayanipun alit kangge ngisi lahan kosong ingkang wontening sakpinggiring kandnag ayam. Kanyata usaha menika saged ngasiklaken, menapa malih kabetahan ulam ing Ngayogyakarta meika taksih kethah sanget. Angegnipun nyukani pkan inggih cekap pakan pabrikan kemawon, amargi asilipun sae. Sekawit piyambakipun asring nyukani pakan arupi ayam lan gemak ingkags ampun pejah, ananging kayata bab wau ndamel sipating ulam lele dados predator saged mangan lele sanesipun. Mila piyambakipun namung nyukani pakan pabrikan kemawon. Piyambkaipun ngandaraken bilih usaha budidaya ulam lele menika nggadahi kalodangan ingkang sae amargi panyuwunanipun inggil kepara nate kuwalahan ngladosi panyuwunan peken. Kawuningana bilih manut panaliten, saben satus gram lele ing antawisipun dumados saking energi, protein, lemak, lan natrium.