Vegetasi Deling Nyengkuyung Ekosistem

Vegetasi Deling Nyengkuyung Ekosistem

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO-WENDY

Kabetehaning deling ing laladan Ngayogyakarta ingkang inggil kedah sinartan wontenipun usaha nanem deling, jalaran deling mujudaken salah setunggaling taneman konesevasi lingkungan ingkang migunani.

Deling mujudaken salah satunggaling asil wana kajawi kajeng ingkang mboten saged uwal saking pagesanganing masyarakat ing Indonesia. Taneman deling saged tuwuh kanthi subur lan ngrembaka sae ingsedaya laladan ing Indonesia wiwit saking dataran andhap engga inggil. Jumbuh kaliyan saya kathahing panyuwunan deling minangka kangge bahan baken kerajinan menapdene kangge bahan bangunan, ndamel taneman deling saya susut gunggungipun. Emamnipun dumugining wekdal samenika dereng kathah kupiya kangge nikelaken usaha budidaya taneman deling sae kanthi cara ekstensifikasi menapadene intensifikasi. Nguningani kawontenan ingkang mekaten wau menawi usaha nanem mboten katindaaken njalari wit deling saged telas lan bab menika temtunipun ugi mbeta pangaribawa ageng menggahing lingkungan. Ngrembakaken usaha nanem deling kedah katindaken kajawi kangge njagi lestantuning alam ugi nikelaken mupangating wana minangka kangge produksi. Nanem wit deling mekaten saged katindaken kanthi cara vegetatif sae lumantar kethokan rimpang utawi dangkel saking wit ingkang tasih enem sarta kanthi cara stek cawang lan witipun. Caranipun nanem kantindaken kanthi cara nancepaken rimpang ingkang lebetipun kawan dasa engga seket sentimeter npas ing lubang tanemipun. Rimpang katutup siti lan dipun padetaken. Menawi mangsa ketiga langkung sae dipun siram. Arah tanemipun langkung sae menawi radi miring tumuju wetan udakawis kawan dasa gangsal derajat supados trubus lempeng. Wit deling menika mboyen mbetahakane pangrimatan ingkang mirunggan saben setengah tahun cekap dipun rabuk kandhang kemawon. Ing wekdal kalih engga gngsal tahunan wit deling menika sampun saged dipun mupangataken.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *