Kontes Entok ing Kulonprogo

Kontes Entok ing Kulonprogo

TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI

Atusan pasarta saking sawetawis laladan ing pula jawi, nyartani pasanggiri utawi kontes entok hias ingkang dipun gelar ing laladan Kabupaten Kulonprogo.

Kontes entok hias menika dipun gelar dining asosiasi peternak entok nusantara utawi aspen, ing Kalurahan Tayuban Panjatan Kulonprogo. Kontes mentok hias menika dipun sartani dinig 150 peternak entok hias mboten namung saking laladan DIY kemawon, ananging ugi saking kita–kita ageng ing Jawa Tengah, Jawa Timur engga Jawa Barat. Ketua asosiasi peternak entok nusantara Budi Wahono ngandaraken, ing pasanggiri menika wonten kalih kategori ingkang dipun biji inggih menika kaendahan lan agengipun. Saking kategori kaendahan para juri bade milih mentok ingkang gadahi kaendahaning wulu lan bleger badanipun ingkang sae. Sawetawis kangge kategori entok jumbo, entok kanthi ukuran paling ageng ingkang bade sasab ing saklebeting kontes menika. Krida ingkang dipun adani ajeg saben tahun mneika ugi minangka kupiya kangge ngraketaken talinis silaturahim ing anatwisipun peternak entok hias, saengga pangajabipun saget nambah seserepan oing antawisipun peternak. Entok ingkang sampun asring dados juwara ing manekawerni kontes mekaten, kanyata pengaosipun ugi inggil, inggih menika ngancik 20 dumugi 30 yuta rupiyah saben ijinipun. Kanthi mekaten ngingah entok hias lan entok jumbu kanyata gadahi kalodangan peken ingkang tansah tinarbuka.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *