Regi Lembu Ngajengi Kurban

Regi Lembu Ngajengi Kurban

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YDUHA

Para pamirsa, sewulan ngajengi dinten riyaya kurban pengaosing lembu, wiwit mindhak. Kawontenan ingkang mekaten menika ndamel bingahing kadang tani.

Dinten riyaya kurban mujudaken setunggaling wekdal ingkang dipun antu-antu dening kadang tani ingkang ngingah raja kaya mliginipun lembu menapadene menda. Kawontenan ingkang mekaten menika jalaran raja kaya ingkang dipun ingah pengaosipun badhe mindhak kapandingaken kaliyan dinten-dinten padatanipun. Bab ingkang mekaten menika ugi ingkang dipun raosaken dening saweneh kadang tani saking Brayut Pandowoharjo Sleman, Poniman. Sewulan ngajengi tumapaking dinten riyaya kurban piyambakipun sampunpikantuk pesen lembu cacah wolung dasa iji. Menggah regi lembu ing klempakan KPK Pandowo menika ingkang irah piyambak kalih likuran yuta rupiyah. Poniman ugi mratelaken bilih pengaosing lembu ngajengi dinbten riyaya kurban emniakm sampun mindhak nsetunggal yuatanan rupiyah. Kawonmtenan ingkangmekaten menika ndamel ewetipun nalika badhe nyade. Menawi mboten dipun indahaken nemahi kapitunan, jalaran pakanipun ugi sampun awis.

Kawuninagna bilih lembu ingkang cumawis kangge kurban, sedayanipun sampun anetepi syarat syar’i, lan dipun jamin ing babagan kasarasanipun.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *