TVRI YOGYAKARTA NEWS – MUCHAMMAD RIDWAN
Situs tinjon ingkang mapanipun wonten ing Gunung Cilik, Kalurahan Sambirejo, Kapanewon Prambanan, Sleman dipun ajab saged dados punjering wisata lan sumbering seserepan sujarah.
Cagar budaya situs tinjon mapanipun wonten ing sakpinggiring mergi tumuju obyek wisata tebing breksi ing Dusun unung Cilik, Kalurahan Sambirejo, Kapanewon Prambanan, Sleman. Situs tinjon menika mujudaken peranganing situs ingkang dipun klola dening Balai Pelestarian Kebudayaan, BPK, wilayah X Daerah Istimewa Yogyakarta, DIY, Jawa Tengah ingkang kantoripun wonten ing Bogem, Kalurahan Tamanmartani, Kapanewon Kalasan, Kabupaten Sleman. Warga ing sakiwatengening situs meika smapun dangu mangertosi wontenipun situs menika saking kathahipun sela ingkang memper kados tilasing wewangunan kina. Wontenipun situs tinjon ingkang dipun klola menika ing pangajab suppados generasi muda semangke saged mangetosi kawontenanipun situs sujarah meika amrih saged lestantun.
Ing sakupengipuns itus sakmenika sampun dipun pager. Ingkang saged dipun tingali saking situ smeika inggih sisa sela ingkang sumebar, ananging ewa semnaten taksih wonten setunggaling sisa wewangunan ingkang mujudaken setunggaling pondassi. Wit-witan ageng ingkang wonten ing sakiwa tengening situ menika ugi nambah swasana dados edhum.