Ngendhaleni Jamur Fusarium Pisang

Ngendhaleni Jamur Fusarium Pisang

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YDUHA

Salah setunggaling cara kangge ngawekani wontenipun sesakit layu fusarium ingkng saged nerak taneman pisang inggih menika ngginaken jamur tricoderma. Taneman pisang ingkang sampun katrajang wontenipun sesakit wau kedah dipun eradikasi kanthi cara dipun besem.

Layu fusarium menapadene layu bakteri, ingkang nerak taneman pisang dumugining wekdal samenika dereng wonten obatipun lan dados pepalanging kadang tani ing saklebeting nindakaen usaha tani nanem pisang. Tandha tandhaning wit pisang ingkang katrajang  wontenipun layu fusarium lan layu bakteri inggih menika ing sapinggiring ron pisang werninipun dados jene sawetawiis menawi ngrebasanipun awrat ing pok-ipun debog dados pepes. Sawetawis menawi wit debog wau dipun babat ing satengahing wit werninipun dados soklat lan medal kadosdene blendog. Rosyit saweneh pedamel ing kebun plasma nutfah dinas pertanian dan tanaman pangan kitha ngayogyakarta mratelaken, bilih kangge ngendaleni wontenipun jamur layu fusarium kala wau kedah sampun katindaken nalika badhe amiwiti nanem pisang. Nalika ndamel luwangan kedah dipun sukani dumolit ing dasaripun kanthi ukuran setungggal engga kalih kilogram. Luwangan wau dipun jar-aken langkung rumiyin udakawis kalih minggu engga sewulan. Sasampunipun tigang wulan winih dipun tanem ing punthuk-an lahan dipun tambah malih dumolit kalih kilogram. Kajawi menika ugi saged ngginaken pestisida hayati tricoderma ingkang dipun campur rabuk kandang.

Kawuningana bilih layu fusarium lan layu bakteri sesakit wau nginfeksi siti mlebet ing oyot taneman. Kangge ngendhaleni sesakit wau, ingkang kedah katindaken dening kadang tani inggih menika, ngethpok rantening sesakit. Caranipun inggih menika alat petrtanian kedah kalis saking paparan virus lan bakteri, lahan ingkang katrajang kedah dipun bongka lan dipun leremaken mboten dipun tanemai wit pisang setunggal engga kalih tahun  dangunipun. Taneman pisang ingkang sampun katrajang wontenipun sesakit wau kedah dipun eradikasi kanthi cara dipun besem.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *