Rembug Stunting

Rembug Stunting

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Perkawis stunting utawi lare  kanthi badan ingkang pendek ngancam bobot kualitasing sumber daya manungsa lan produktifitas kalih dasa engga tigang dasa tahun mangajeng. Awit saking menika kedah dipun kethok rantehning stunting menika.

Pamarintah Kalurahan Wonosari, Kapanewon Wonosari, Gunungkidul nggelar rembug desa kangge ngudari perkawis stunting ing laladanipun. Acara menika sinartan saking sawetawis stake holder dumados saking saking Kapanewon Wonosari, tim penggerak PKK, puskesmas, Pamong Kalurahan Wonosari engga kader KB, kader kesehatan, BKR, BKB lan BKL saking pitung padusunan ing Wonosari. Rembug stunting menika mujudaken salah setunggalihng  perangan musyawarah desa kangeg nyusun rencana kerja pemerintah desa ing tahun candhakipun. Ing paparanipun ketua TPPS Kalurahan Wonosari ngandaraken bilih angka stunting ing Kalurahan Wonosari ampun mandhap, adedasar data angka stunting mandhap saking tigang dasa lare panandhang stunting ing tahun kalih ewu kawan likur, dados sanga likur lare ing tahun kalih ewu selangkung. Ambdhaping angka stunting menika mujudaken tembayatan ingkang sae saking sedaya pihak.

Stunting mujudaken setunggaling akwontenan kekirangan gisi  kronis ing lare saking umur nul engga sewu dinten, lan lumampah dangu satemah mangaribawani tuwuh kembangipun otak lan inggiling badan lare, utawi pendek sarta mboten saged tuwuh kanthi sae kadosdene lare sak umuranipun.  Sasampunipungesang  rembug stunting menika kajab saged nikelaken engetoing masyarakat sarta suka panyengkuyung  ing saklebeting kupiya ngedhaaken stunting  lan nikelaken bobot kasaenaning gesang masyarakat Kalurahan Wonosari.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *