Panen Pantun Maremaken

Panen Pantun Maremaken

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-YUDHA

Asiling panen pantun kadang tani saking Bejaten, Jatisarono, Kulonprogo kajawi dipun sade dhumateng Bulog, saperangan ugi tasih wonten ingkang dipun sade dhumateng pengepul. Nampi arto langsung ingkang ddos pawadanipun kadang tani, nalika nyade ing pengepul.

Kadang tani ing Padukuhan Bejaten, Jatisarono, Kulonprogo, ing wekdal menika nembe panen raya pantun kanthi asil ingkang maremaken. Menggah varietas pantun ingkang dipun tanem inggih menika impari 32. Sugeng saweneh kadang tani ngandaraken kalilihipun varietas meniak jalaran rendemenipun langkung sae, satemah mbatheni tumprap kadang tani. Kosok wangsulipun varietas impari 32 menika ugi gampil ambruk jalaran wit utawi damenipun ukuranipun langkung alit kapandjhingaken kaliyan varietas sanesipun. Salah setunggaling kupiya ingkang katindaken dening kadang tani supados tanemanipun mboten ambruk inggih menika ngirangi pangginaing rabuk ingkang ngandut unsur inggil. Saking setunggal hektar lahan saged medal wolu dumugi sangang vton gabah kering panen. Wekdal sakemnika Sugeng nembe ngemonah asiling panen kanthi mepe asiling usaha taninipun. Sugeng ugi nyariosaken kajawi dipun konsumsi piyambak asiling gabah menika sakperangn dipun sade ing pengepul.

Sawetawis menika, Sulistiyono, kadus bejaten mratelaken bilih panyedening gabah dipun pasrahaken dhateng kdang tani sinaosa, pmarintah lumantar bulog ugi siyaga numbas gabah saking kadang tani.

Regi gabah ing tataranb kdang tani wekdal sakemniak ing kisaran nem ewu kawan atus dumugi nem ewu nem atus, sawetais HPP gabah kering panen ingkang dipun temtokaken dneing pmarintah nem ewu  gansagl atus rupiyah gabah kering panen.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *