TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI
Para pamirsa, ing saktengahing budaya materialistik kanyata gotong royong mekaten tasih gesang ing satengahing warga masyarakat Pesisir Kuwaru, Bantul.
Kados mekaten kridhanipun warga masyarakat ing Pesisir Kuwaru, Bantul nalika wonten warganipun ingkang nembe minggah dateng darat sasampunipun pados ulam ing seganten kidul. Kanthi guyup rukun para warga menika sami paring pambiyantu ngangkat baita saking seganten lan dipun seret dateng pesisr supados mboten katrajang aluning seganten. Warga mboten kedah dipun celuk setunggal mbaka setunggal supados nglempak, ananging menawi womnten pamisaya mina sampun nyelaki daratan, para warga sampun sami mlajar nyelaki pesisir menawi wonten warga sanensipun ingkang mandhap saking seganten, baita ingkang awratipun ngancik kalih atusan kilo menika dipun surung sekedhik mbaka sekedhik tumuju gisikning samodra, ananging jumbuh kaliyan kamajenganing jaman, kajawi dipun surung, baita ingkang dipun geret ing gisinging samodra menika ugi sampun dipun biyantu mawi mesin, ingkanmg dipun sambetaken mawi tangsul. Supados mboten ngrisak kajeng baita, ing ngandhapipun dening warga ugi dipun pasangi deling ingkang sampun dipun nam. Mboten namung para kakung kemawon ananging ugi paara pawestri dlah lare-lare ugi sami guyup rukun paring pambiyantu. Ponijo salah saweneh pamisaya mina mratelaken bilih kridha ingkang kados mekaten menika sampun katindfaken wiwit jaman rumiyin, gotong royong utawi gugur gunung kados mekaten menika tansah dipun tindaken minagka peranganing gesang ing satengahing masyarakat, tanpa ngetanegken opah menapadene menapa kemawon ingkang arupi kahartan warga kanthi greget ingkang ingggil tansah bantu mbiyantu. Mboten namung nalika nggret baita tumuju gising samodra, kridha ingkang kados mekaten menika ugi katinfdaken nalika ndamel griya, gadhah damel menapadene kenduri. Ing satengahing kawontenan ekonomi ingkang awrat kados samenika, temindak gotong royong ingkang kados dipun tindaken dening warga ing samas menika mujudaken setunggaling tuladaha lan saged kangge ngentasaken warga ingkang langip.