Kalodangan Budidaya Lombok Abrit

Kalodangan Budidaya Lombok Abrit

TVRI YOGYAKARTA NEWS – SETYA BUDI

Para pamirsa, budidaya lombok abrit gadahi kalodangan peken ingkang tinarbuka. Kajawi pengaosipun ing pekenan ajeg, lombok jinis menika dipun pitados langkung tahan saking ama lan sesakit kabandingaken jinis lombok sanesipun.

Kajawi nanem lombok rawit lan kriting, kadang tani ing Kabupaten Gunungkidul ing wekdal sakemnika katah ingkang sami nanem lombok abrit. Kados ingkang dipun tindakaken dining marsudi salah saweneh kadang tani lombok saking Gading Playen Gunungkidul menika. Piyambakipun nanem lombok abrit menika ing lahan ingkang ingkang namung winates. Piyambakipum waleh bilih langkung milih nanem lombok abrit ageng kajawi lombok jinis sanesipun, amargi kajawi pengaosipun ing pekenan ingkang ajek inggih menika 20 engga 30 ewu rupiyah saben kilonipun, pangrimatan lombok abrit ageng menika ugi langkung gampil kabandingaken lombok jinis sanesipun. Kajawi menika mangsa panen lombok abrit menika ugi langkung cekak. Marsudi piyambak nanem lombok abrit kanthi gunggung sewu 400 wit, lan saben panen pikantuk asil engga dasanan kilogram,lan ing panen ingkang kaping enem menika, piyambakipun pikantuk asil 70 kilogram. Rahayunipun ing mangsa tanem tahun menika, mboten katah ama lan sesakit ingkang nerak taneman lombokipun. Kanthi mangsa panen ingkang dangu, ndamel bebathenipun kadang tani lombok abrit menika tikel tekuk.

Asil panen lombok abrit gadahanipun marsudi menika samangkenipun badhe dipun pekenaken ing peken tradisional lan bakul janganan ing laladan Kabupaten Sleman, sarta pangusaha kuliner ingkang wonten ing laladan Kabupaten Gunungkidul.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *