Kapangaribawa Jawah, Asil Panen Kembang Kol Mandhap

Kapangaribawa Jawah, Asil Panen Kembang Kol Mandhap

TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI

Mangsa ketiga ingkang tasih mandhap jawah utawi kemarau basah, mangaribawani asil panen kembang kol ing laladan Kabupaten Kulonprogo mandhap engga 50%.

Mandhapipun asil panen kembang kol ing mangsa panen sakmenika dipun raosaken dining wiwin winarso, salah saweneh kadang tani saking laladan Gothakan Panjatan Kulonprogo. Ing mangsa panen sakmenika piyambakipun ngakeni asil panen mandhap engga 50% kabandingaken kaliyan mangsa panen sakderengipun. Ing mangsa tanem tahun menika piyambakipun nanem kembang kol ing lahan kanthi wiyar sewu meter persagi, lan namung pikantuk asil 200 kilogram kemawon. Kamangka ing mangsa panen sakderengipun, piyambakipun pikantuk asil panen langkung saking 400 kilogram. Piyambakipun ndugi bilih mandhapipun asil panen kembang kol ing tahun menika amargi kapangaribawa kawontenan cuaca. Sinaosa ing wekdal sakmenika sampun mlebet ing mangsa ketiga, ananging kanyat tasih asring mandhap jawah utawi ingkang kawastanan kemarau basah. Kawontenan menika damel kualitas panen kembang kol ing tahun menika mandhap.

Sinasoa asil panen mandhap, ananging wiwin winarso tasih rumaos mongkok manahipun, amargi pengaosing kembangkol sakmenika kapetang inggil. Menawi sakderengipun saben kilonipun pengaosing kembang kol watawis 6 ewu dumugi 7 ewu kemawon, ing mangsa panen sakmenika ngancik 15 ewu rupiyah saben kilonipun. Inggiling regi kembang kol menika dipun dugi awit katahipun kadang tani ingkang nemahi gagal panen.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *