TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY SAPUTRA-ABDUL ROHIM
Menggahing sutresna bonsai, ndamel kreasi bonsai mekaten mujudaken bab ingkang ndamel remening manah, kalebet milih taneman menapa ingkang badhe dipun tanem. Saking sakathing jinis taneman, taneman sekar bougenville kanyata saged dipun damel bonsai.
Kados ingkang kawuningan bilih bonsai menika mujudaken steunggaling karya seni taneman pasren ingkang endah dipun pirsani. Taneman bonsai menika nggadahi sesawangan ingkang endah dipun tingali saking sedaya peranganipun wiwit saking pot, oyot, ron lan blegeripun. Sedaya perangan wau dados setunggaling bab ingkang mboten saged dipun pisahaken. Anggenipun milih taneman ingkang badhe dipun damel bonsai inggih dados perangan ingkang ndamel remening manah. Sejatosipun meh sedaya taneman saged dipun damel bonsai, namung kemawon mbetahaken weekdal ingkang tahunan supados taneman ingkang dipun bonsai wau saged dados taneman ingkang endah. Salahs teunggalipun inggih menika taneman sekar bougenville ingkang kanyata saged dipun dadosaken bonsai.
Taneman sekar bougenville dipun pilih amargi nggadahi werni ingkang endah, lan kanyata perangan oyotipun ugi sae. Anggenipun ngrimat inggih namung gampil, ingkang baken kedah dipun cekapi toya lan rabukipun. Menawi wonten ron ingkang garing enggal dipun bucal, semanten ugi menawi wonten suket igkang tuwuh enggal dipun bubut kangge njagi supados taneman bonsai menika tansah endah.