TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI
Taneman melon gadhahanipun kadang tani ing kulonprogo katrajang kresek lan jamur strip, ingkang njalari tuwuhing taneman mboten saged maksimal, lan ndayani medhaking produksi.
Kawontenan cuaca ingkang ekstrim, ing wiwitaning mangsa ketiga ndayani taneman melon gadhahnipun kadang tani ing kulonprogo katrajang ama lan sesakit, mliginipun jamu strip lan kresek. Gumnardi saweneh kadang tani saking Kalurahan Tirtorahayu, Kapanewon Galur, Kabupaten Kulonprogo, ngandaraklen bilih sesakit menika ngrebasa nalika taneman melon ing umuran kalih minggu utawi nalika badhe nyekar. Kajwi tuwuhipun dados kunthing, ngrebasaning sesakit menika ndamel peranganing ron dados kriting lan tuwuh titik soklat saderengipun alum lan pejah.
Kangge ngendhaleni saya sumebaring sesakit menika kadang tani namung saged ngupiyaken kanthi cara nyemprot mawi pestisida. Kadang tani ugi namung saged ngajab lan kupiya supados sesakit menika mboten saya sumebar, ingkang pungkasanipun saged ngedhakekn asiling produksi, lan gagal panen.