Sekar Bougenville Import

Sekar Bougenville Import

TVRI YOGYAKARTA NEWSHENDRY SAPUTRA-ABDUL ROHIM

Saking sakathahing jinis taneman sekar ingkang wonten, jinis bougenville mujudaken jinis sekar ingkang kathah dipun remeni, menapa malih bougenville impoert ingkang nggadahi manekawerni jinis sekar lan werninipun.

Taneman sekar bougenville mujudaken setunggaling jinis sekar ingkang kathah dipun remeni. Taneman menika nggadahi manekawerni jinis, kepara wonten cacah 600 jinis ingkang wonten. Taneman sekar menika nggadahi sawetawis kelangkungan, salah setunggalipun inggih menika nggadahi langkungs aking steunggal werni ing setunggal wit. Kawuningana bilih ing tahun wolung dasanan, sekar bugenvil mekaten  mujudaken sekar ingkang kaloka sanget. Kathah tiyang ingkang sami nanem sekar bugenvil menka jalaran  cara ngrimatipun ugi gampil, jalaran mboten mbetahaken  cara ingkang mirunggan, rabuk sarta nyirami toya ugi sami mawon kaliyan  taneman sanesipun. Anggenipun ngrimat bougenville import menika ugi sami kaliyan taneman bougenville lokal.

Nanging ingkag dados kunci utaminipun, taneman bugenvile menika saged nyekar kathah sarta werninipun ketingal mencorong namung jalaran dipun papanaken ing papan ingkang benter. Bugenvil remen sanget kaliyan sunaring surya. Menawi bugenvil dipun papanekn ing papan ingkang edhum, bugenvil mboten purun nyekar namung tuwuh ronipun. Ing papanipun menika supri nggadahi manekawerni jinis bougenville import ingkang ngengsemaken. Mboten maiben bilih kathah langgananipun ingkang ndatengi papanipun wonten ing laladan imogiri bantul menika. Langgananipun mboten namung skaing laladan ngayogyakarta kemawon, kepara dumugi sakjawining ngayogyakarta.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *