Ngemonah Lahan Pesisir

Ngemonah Lahan Pesisir

TVRI YOGYAKARTA NEWSWIDI-YUDHA

Para pamirsa, kanthi greget ingkang inggil warga ing Srigading, Samas Bantul  ngemonah lahan pasir dados setunggaling lahan ingkang subur, ingkang saged dipun tanemai manekawerrni komoditas tetanen .

 lahan pasir ingkang dumunung ing srigading bantul sampun wiwit puluhan tahun engga sepriki dipun mupangataken dening warga ing sakiwa tengenipun mingaka kangge lahan olah  tenanen. Maneka werni taneman saged tuwuh kanthi subur lan asilipun maremaken jalaran warga gadhah kekajengan ingkang inggil menika kangge nikelaken karaharjanipun.  Kawontenan siti ingkang kirang sae kangge olah tetanen dening warga masyarakat dipun kemonah kanthi sae saengga saged dipun tanemi manekawerni taneman wiwit saking lombok, jagung, semangka, tomat engga who naga. Sumarna, ketua kelompok tani pasir makmur mratelalekn supados saged dipun tanemi lahan pasir wau saderengipun dipun campur rabuk organik, gamping, engga lendhut saking lepen. Lan ingkang dados ciri mirungganipun lahan pasir inggih menika toya jawah gampil ngresep ing  lahan, kangge ngawekani kawontenan ingkang mekaten wau kanca tani ing laladan menika sami ndamel sumur renteng  ing satengahing lahan. Sumur wau dipun damel ngginaken bis beton ingkang kapasang ing satengahing lahan ingkang dipun sampun–sambung ngginaken pralon . Sawetawis toyanipun dipun pendhet saking sumur ingkang dipun damel ing sapinggiring lahan lan toyanipun dipun inggahaken nggianekn pompa toya. Supados tanemanipun tuwuh kanthi sae lan mboten kekirangan toya lahan ingkang sampun dipun tanemi kedah dipun siram saben dintenipun, gumantung kaliyan kawontenan lan jinising taneman, kanthi greget ingkang inggil kanyata lahan ingkang saderengipun mujudaken lahan marginal saged dados papan pangupajiwa warga masyarakat sakiwatengenipun. Nguningani bilih laladan indonesia mekaten nggadhai garis pesisr ingkang panjang lan dereng kathah ingkang dipun mupangataken, kridhaning kanca tani ing laladan samas bantul menika saged dipun dadosaken setunggaling tuladha.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *