TVRI YOGYAKARTA NEWS – JATMIKO HADI
Yuswa sepuh sanes mujudaken pepalang ing saklebeting badhe makarya nyekapi kebetahan kulawarga. Salah setunggaling tuladha kados ingkang katindaken dening saweneh warga saking kulon progo menika.
Naminipun hasan basri, yuswanipun sampun swidak tiga tahun, imngkang saben dintenipun makarya dados tukan permak busana keliling ing laladan kulonprogo. Priya saking laladan jawa barat menika sesarengan kaliyan semahipun dumunung ing laladan sendangsari pengasih kulonprogo. Sampun gansgal welas tahunan piyambakipun makarya dados tukan jahit busana kangge nyekapi kabetahan kulawarganipun. Gansgal tahun pungkaan menika hasan kepara rila mubeng mubeng ing karang padesan supados pikantuk pelanggan. Saya awratipun daya rebat, ing antawisipun para tukang jahit engga saya kiranging masyarakat kangge njahitaken busana dados pawadanipun. Bidhal ngginaken pit montor ingkang sampun dipun modifikasi, wiwit tabuh wolu engga tiga sonten, hasan ngakeni blusukan ing kulonprogo. Kepara ugi dumugi ing tlatah kabupaten bantul lan purworejo anggenipun pados pelanggan. Piyambakipun pados lengganan kadosdene berah banguinan engga among tani, hasan ngakeni nampi pesenan njahit lan ndandosi busana ingkang bedhah, kadosta clana kolor, kaos lan klambi. Kajawi menika ugi nampi jaitan sprei kasur engga sarung bantal . Menggah ragatipun kapetang mirah, wiwit sedasa dumugi selangkung ewu rupiyah gumantung kaliyan karisakanipun.
Sinaosa kedah meres kringet ing yuswa ingkang sampun sepuh, hasan kanthi greget ingkang inggil ngayahi pedamelanipun. Resiku ing mergi, kadangkala mboten timbang kaliyan asilipun, ewaseemnten piyambakipun mboten nate sambat lan nggresuila. Sedaya wau dipun lampahi kangge kyekapi kabetahan kulawarganipun.