Sambang Darah Kathah Mupangat

Sambang Darah Kathah Mupangat

TVRI YOGYAKARTA NEWSJATMIKO HADI

Para sutresna taneman, mboten wonten klentunipun menawi panjenengan budidaya taneman sambang darah. Kajawi gadhah cakrik  lan werni ingkang nyleneh, sambang darah ugi gadhah mnupangat ageng ing donyaning kasarasan.

Kados mekaten menika wujudipun taneman sambang darah ingkang dipun tanem ing taman jamu herbal, Sendangsari, Pengasih, Kulonprogo. Saged tuwuh engga kalih meteran, sambang darah kagfolong taneman grumbul utawi perdu, ingkang kathah dipun panggihaken ing wana menapadene ing pekawisan. Taneman menika gadhah ciri ron tunggal, kanthi cakrik panjang selang selinmg lan pucukipun lancip. Ron sambang darah ing perangan nginggilipun  werninipun ijem tuwa, sawetawis ngandhapipun abrit. Witipun kathah cwang lan tlutuhipun pethak, lan mendemi. Kajawi dipun dadosaken taneman hias, sambang darah ugi kaloka minagka tanem,an obat. Miturut pengelola taman jamu pengasih, trisno, sambang darah saged ngusadani sesakit disentri, cekoh, muntah rah engga ngsuadani pendarahan sasampunipun babaran. Menggah cara nipun ngunjuk ronipun ingkang dipun godhok ing wanci enjing lan sonten. Kanthi dipun deplok ronipun ugi saged kangge ngusadani tatu.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *