Ngendaleni Jamur Patogen Mawi Tricoderma

Ngendaleni Jamur Patogen Mawi Tricoderma

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI

Salah setunggaling kupiya ingkang irit lan murakabi kangge nngendhaleni ngrebsaning jamur patogen inggih menika ngginaken jamur tricordema.

Dumugining wekdal samenika kadang tani sami kewetan ing saklebting ngendhaleni ngrebasaning jamur ingkang nerak tanemanipun. Manekawerni kupiya sampun katindaken, ewasementen asilipun dereng maksimal kepara jamur saya ngrebasa. Nguiningani kawontenan ingkang mekaten menika, sarmanto, saweneh warga saking laladan gadhing Kulon, Donokerto tiuri Sleman, mekaraken setunggaling jamur inggih menika jamur triocordema. Miturut Sarmanto, ngendhaleni jamur patogen ngginaken Jamur Ytricordema menika kapentang langkung irit lan murakabi.  Jamur Tricordema menika samangkenipun saged nginveksi jamur patogen ingkang ngrebasa taneman, saengga jamur patogen kala wau saged mati. Menggah cara mbabar jamur tricordema menika ugi kapetang gampil, namung ngginaken media saking sekul, ingkang dipun wadhai ing setunggaling gelas plastik. Sekul wau dipun sukani Jamur Rricordema, sasampunipun tigang dintenan jamur meniak sampun saged ngrembaka. gelas plastik ingkang dipoun ginaaken cacahipun kalih iji, gelas ing perangan nginggil dipun bolong ngndhapaipun. Ing gelas ngandhapipun menika kangeg madhai toxin ingkang ugi gadhah mupantat ageng. ngginaken mengsah alami ing saklebeting negndhaleni ama lan seakit, temtunipun badhe kajagi lestantuning lingkungan.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *