Dangsul Lokal

Dangsul Lokal

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO

Palawija mujudaken setunggaling komoditas pilih tanding ingkang asilipun  maremaken sanget nalika dipun tanem ing mangsa ketiga kados wedal menika, salah setunggalipun dangsul lokal.

Kados mekaten menika kebon dangsul lokal ingkang dipun kemonah deneing kadang tani ing Bantul. Kadang tani sengkut anggenipun mbudidaya dangsul lokal ing lahan ingkang wiyaripun udakawis ewonan meter persagi ing mangsa ketiga menika.   Asilipun kanyata ugi langkung maremaken kapandingaken kaliyan panen dangsul  tahun taun saderengipun. Taneman dangsul mangsa tanem sepisanan, sampun umur panen lan namung nengga dinten kemawon. Dangsul lokal saged dipun panen umur tigang wulan langkung. Kanti regi cekap inggil, dangsul lokal tasih dados komoditas olah tetanen ingkang saged dipun dadoskaen unggulanipun kadang tani jalaran dangsul menika dipun betahakan ing pundhi pundhi papan minangka bahan  kangge damel tahu lan tempe. Saya malih panyuwunan export tumuju manca negari ugi tasih tinarbuka sanget nanging emnaipun ugi dereng saged klacekapaan kjalaran kangge nyekapi kabetahan peken domestik kemaown ttasih kirang. Saged kawuningan, dangsul lokal menka kanyata ugi mboten namung dipun ginaaken kange damel tahu tempe kemawon nanging ugi mankawerni jinis daharan sanessipoun kepara ugi dipun damel susu dangsul. Budidaya dangsul lokal menika radin-radin dipun tindhaken kanti cara semi organik. Sawetawis ama ingkang asring   hgrebasa kejawi jamur ugi walang lan uler.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *