Ndamel Areng

Ndamel Areng

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI

Para pamirsa warga masyarakat ing Wangen, Bangunjiwa Kasihan Bantul dumugining wekdal sakmenika tasih setya tuhu ngayahi pedamelanipun ndamel areng, kanthi cara tradisional.

Saweneh pengrajin areng, saking Wangen, Bangunjiwa Kasihan Bantul ingkang tasih ndamel areng kanthi cara tradisional inggih menika suroto. Usaha menika   nerasaken usaha tiyang sepuhipun, ingkang sampun dipun lampahi puluhan tahun.   Ing saklebeting ndamel areng menika mbetahaken wekdal ingkang panjang supados arengipun gadhah bobot ingkang sae. Miturut surata kajeng asem mujudaken bahan areng ingkang sae piyambak, emanipun ing pungkasnaing wekdal menika bahan baken kajeng asem sampun wiwit langka, saengga surata ugi mupangataken kajeng sanes kadosta kajeng mahoni lan nangka. Saben dintenipun surata namung saged ndamel areng menika seketan kilo kemawon. Menggah cara ndamel areng kanthi ngobong kajeng ingkang dipun urugi siti, utawi awu. Sasampuinipun setunggal dinten urugan siti dipun bungkar. Obongan kajeng ingkang tasih benter kadang kala tasih arupi mawa kala wau, saklajengipun dipun celupaken ing toya, supados dados  asrep. Tataran ingkang pungaksan inggih menika dipun pepe engga garing. Areng ingkang sampun dados menika saklajengipun dipun sade dhumateng pelangganipun ing peken bantul kanthi regi kawan ewu rupiyah kangge kajeng asem, sawetawis mahoini tigang ewu rupiyah saben sekilonipun. Areng menika padatanipun dipun mupangataken deing pengrajin daharan kadosta sate, angkringan engga bakmi jawa.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *