Perajin Lading Krengseng

Perajin Lading Krengseng

TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY

Minagka punjering UMKM, ing laladan kabupaten bantul wonten atusan jinis usaha kerajinan ingkang katindaken dening warga masyarakat. Salah setunggalipun inggih menika kerajinan pisau dapur utawi lading ing Padusunan Krengseng, Bangunjiwa Kasihan.

Laladan Krengseng, Bangunjiwa Kasihan Bantul mujudaken setunggaling laladan ingkang kaloka minagka punjering kerajinan lading. Usaha kerajinan lading ing papan menika sampun lumapah puluhan lan sampun run tumurun saking tiyang sepuhipun. Mbah Sumini lan Mbah Supi salahs aweneh perajin lading ingkang yuswanipun sampun sepuh dumugi wekdal sakmenika taksih nindaaken pakaryan menika kanthi tumemen. Wiwit saking ngasah lading ingkang bahan bakenipun skaing plat miugunaaken mesin grenda, dumugi masang garan saking kajeng ingkang diun damel semahipun. Menawi sampun, lading meinka dipun kempalaken dateng warga sanes ingkang nggahi jejibahan nglapisi lading wau migunaaken anti karat, kados ingkanhd ipun tindaaken dening Mbah Supi menika, asiling kerajinan kala wau kepara sampun dipun kintun dateng sakjawining pula jawi. Bahan baken kangge ndamel lading menika wesi janur ingkang dipun datengaken saking juragan ing papan menika. Ingkang dados pepalang ing saklebeting nindken usaha iunggih menika telatipun bahan baken. Saben seminggunipun piyambakipun saged ndamel sedasanan kodi, ingkang kakintun ing peken lokal kemawon. Menawi dipun kintun dateng laladans anes paling mboten kedah 40nan kodi lading. Pengaosing ladings teunggal ijinipun watawis setunggal ewu gangal satus rupiah. Ananging sinten ingkang nyana bilih pedamelan ingkang sampun dipun tindaaken metahun-tahun menika saged nyekolahaken putra-putrinipun engga dados sarjana.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *