Sendang Pangkah

Sendang Pangkah

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI

Para pamirsa, lestantuning tuk utawi sumber toya kedah dipun jagi, jalaran toya mekaten mujudaken sumbering pagesangan. Salah setunggalipun tuk, ingkang dumugi sakmenika tasih dipun jagi dening masyarakat, inggih menika sendang pangkah.

Kawontenaning Ngayohgyakarta ingkang dumunng ing sangandhaping redi merapi mangaribawani wewengkon menika kathah sumber toya, arupi belik, sendang, tlaga  menapadene tuk. Sumber-sumber ingkang wonten wau, kathah dipun mupangatken dening warganing masyarakat kangge nyekapi kabetahaning toya, sae ing donyaning olah tetanen menapadene kabetahan balegriya. Salah setunggalipun sumnber toya ingkang dumugining wekdal sakmenika tasih dipun jagi lan dipun mupangataken denimng warga inggih menika sendang pangkah ingkang dumunung ing Kenalan, Bangunjiwa, Kasihan, Bantul. Sendang pangkah mujudaken salah setungaling sumber toya utawi tuk ingkang sadangunipun menika dipun mupangatken dening warganing masyareakat ing sakiwtanegnipun. Ing mangsa ketiga toya sendang pangkah menika mboten nate suda, saengga tetep saged kaginaken dening warga masyarakat mliginipun ing RT 3 Kenalan, lumantar paguyuban pengelola air ingkangt dipun ilekaken ing griyanipun warga. Sendang  pangkah kakupeng wontenipun setunggaling tatakan sela ingkang ukuranipun ageng-ageng. Kanthi ciri mirunggan ingkang mekaten meniak nedaahken bilih sendag menika tilaran kraton mataram. Minagka kupiya njagi supados toya tuk ing laladan menika mboten kirang, ing sakiwatengening sendang ugi sampun dipun tanemi wit ringin, minagka kupiya kangge njagi lestantuning sedandang warga masyarakat ugi kanthi ajeg saben tahunipun ngadani uparcara adat arupi nguras sendang. Ing tembe ngajengipun sendang meniak kaangkah saged dados jujugan wisata, awit saking menika pamarintah, sinengkuyung masyarakat ugi sampun ndandosi sakiiwatreneging sendang kanthi mbangun mergi cor.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *