TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO
Kadang tani lombok jinis imperial ing laladan lahan gesik bantul nembe prihatos jalaran meh sedaya lahan lombokipun sami kenging sesakit virus jene.
Ing wekdal sakmenika kadang tani ugi sampun nggadahi etangan piyambak kangge nemtoaken taneman menapa ingkang badhe dipun budidaya. Bab wau temtu dipun jumbuhaken kaliyan mangsa lan sipatipun taneman. Salah setunggaling taneman ingkang ringkih sanget dateng kawontenan mangsa inggih menika lombok. Wonten manekawerni sesakit ingkang nerak taneman lombok salah setunggalipun inggih menika virus jene. Caranipun nularaken dhateng taneman sanesipun inggih menika kutu kebul ingkang sampun katerak virus salajengipun menclok ing wit ingkang tasih saras jalaran sampun kencokan kewan kutu kebul ingkang mbeta virus salajengipun wit wau saged ketularan virus jene. Taneman ingkang katrajang virus jene dipun pertandani wernining ron dados jene sarta kriting. Menawi mboten enggal-enggal dipun kendhalenei saged ngenjlogaken asiling olah tetanen mliginiun lombok ngantos wolung dasa persen. Salah setunggalipun cara kangge ngawekani virus menika inggih lumantar tanerman perangkap sae menika saking wit kacang panjang, jagung menapadene taneman sanesipun. Kanthi wontenipun taneman perangkap wau kutu kebul mboten menclok ing taneman lombok anangig menclok ing taneman perangkap. Kajawi nanem taneman perangkap kadang tani ugi kedah nggulawenthah winih taneman ingkang badhe dipun tanem wiwit ing pandheheran. Menawi wonten setunggaling wit lombok ingkang katrajang virus, enggal–enggal dipun bedhol salajengipun dipun besem, supados mboten nulari taneman sanesipun. Kajawi menika njagi karesikaning lingkungan lahan ugi kedah katindaaken supados saged ngirangi saya sumebaripun sesakit menika.