TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY
Sanadyan reginipun ing pekenan mboten ajeg ananging panyuwunan winih lombok tetep ajeg kepara inggil. Bab menika ndamel bakul winih janganan kuwalahan anggenipun nyekapi panyuwunan saking kadang tani.
Kados ingkang kawuningan bilih regi lombok ing pekenan meika mboten ajeg. Anangingbab meika kanyata mboten mangaribawani krentegipun kadang tani anggenipunnanem lombok. Nalika reginipun andhap kemawon pesenan winih lombok tetep inggil. Menapa malih ing wekdal sakmenika nalika regi lombok rawit ing pekenan smapun ngancik 70 ewu rupiah. Kadang tani langkungs engkut anggenipun nanem lombok kanthi pangajab semangke nalika panen reginipun sae. Nalika reginipuan andhap kemawon, kadangkala mboten dumados ing wekdal ingkang dangu lajeng minahdk malih. Bab meika kados ingkang dipun adhepi dening nunung setunggaling bakul winih wonten ing Dusun Gathak 1 Selomartani Kalasan Sleman. Sedaya winih lombok ingkang wonten ing kiosipun meika sampun pajeng dipun pesen dening langgananipun. Winih lombok ingkang dipun damel menika dumados skaing jinis rawit lan kriting. Pengtaosipuns etunggal krat winih lombok kriting 65 ewu rupiah, dene ingkang rawit setunggal kratipun ngancik 55 dumugi 60 ewu rupiah. Setunggal krat winih lombok menika dumados saking 360 dumugi 400 winih. Ing wekdal sakmenika nunung rumaoas kuwalahan ngladosi panyuwunan winih lombok saking kadang tani. Kawuningana bilih winih lombok ingkang siap tanem inggih menika ingkang sampun umur setuggal wulan. Menggahing kadang tani, tanemna lombok taksih dados setunggaling piyandelipun kadang tani. Sanadyan ngadhepip pepalang wontenipun sesakit kadosta pathek ingkang awrat dipun usadani ananging mboten ndamel krentegipun kadang tani mandhap. Panyuwunan winih lombok menika ugi dateng saking tataran bale griya ing pundi ing wekdal sakmenika kathah ingkang nindaaken budidaya taneman janganan lan bumbon ing pekawisan griya. Kejawi lombok, winih sanesipun kadosta tomat menapadene terong ugi kapetang inggil panyuwunanipun.