Budidaya Timun Genjah

Budidaya Timun Genjah

TVRI YOGYAKARTA NEWS – ADI NUGROHO

Minangka setunggaling komoditas olah tetanen ingkang pekenanipun ajeg, timun mekaten menawi dipun rimat kanthi sae kanyata ugi gadah pengajeng-ajeng sae.

Timun ingkang mujudaken salah setunggaling komoditas olah tetanen pinunjul menika kanyata mboten kathah ingkang mbudidaya. Kamangka timun menika gadah pangajeng-ajeng ingkang sae jumbuh kaliyan kathahipun wande-wande dahar ingkang nyade daharan penyetan ingkang jangkep kaliyan lalapan. Menawi dipun rimat kanthi saestu, timun menika saged ngasilaken bebathen ingkang sae. Siti setunggaling kadang tani wonten ing wukirsari  sleman ingkang sampun dangu mbudidaya timun ngandaraken bilih timun menika pancen mujudaken taneman ingkang kedah dipun rimat kanthi saestu. Piyambakipun waleh sejatosipun ingkang dipun betahaken inggih namung ngrempeli perangan ron-ipun lan ugi njagi supados taneman menika tuwuh kanthi sae. Taneman timun menika saged dipun panen ing saletening tigang dasa dumugi kawan dasa dinten. Saben setunggal taneman timun menika saged ngasilaken woh timun ngancik 3 dumugi 4 kilo. Lan saged dipun panen makaping-kaping. Taneman timun kalebet taneman ingkang kiyat kenging  ama sesakit. Ingkang baku, taneman timun menika sampun ngantos garing kekirangan toya, lan ugi ampun ngantos kekembeng toya ingkang saged ndayani tanbeman melon menika kunthing utawi mboten saged tuwuh kanthi sae. Angenipun ngrabuk  seminggu kaping tiga. Langkung tandes malih piyambakipun njlentrehaken  mekenaken asil panen timun menika ugi namung gampil sanget, menawi sampun mlebet mangsa panenen, sampun kathah bakul ingkang sami nengga panenanipun.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *