TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI
Para pamirsa, trowelu mujudaken setunggaling raja kaya ingkang reproduksinipun cepet, saengga usaha ngingah trowelu menika saged dipun dadosaken sumbering wulu pamedal, ingkang mikolehi, ngiras pantes swa sembada daging.
Asil maremaken ing saklebeting ngingah trowelu mliginipun jinis trowelu pedaging, sampun dipun raosaken dening Suryadi saking Dusun Pengosa, Gerbosari, Samigaluh Kulonprogo. Pioyambakipun ngingah trowelu kawit tahun kalih ewu enem engga sepriki tasih lumampah kanthi sae. Suryadi langkung remen ngingah trowelu jalaran trowelu meteng-ipun namung wolu likur dinten lan saben tahunipun saged manak kaping sekawan. Gungguning anakan saben setunggal indukan sekawan engga sedasa iji. Sasampunipun kalih wulan anakan trowelu sampun saged dipun sapih kanthi misahaken saking indukan ing kandang sanes. Trowelu menika sampun saged dipun dadosakaen trowelu konsumsi sasampunipun umur gangsal wulanan. Adedasar ciri mirunggan utawi karakteristik gesang lan reproduksi ingkang sami, trowelu saged ngasilaken daging tikel kaping gangsal langkung kathah kapandhingaken kaliyan lembu lan tikel kaping tiga kapandhingaken kaliyan menda. Miturut suryadi ing sak lebeting ngingah trowelu menika ugi kalebet gampil inggih menika nyawisaken kandhang, milih trowelu ingkang gadhah bobot sae, lan migatosaken pakanipun kanthi mirunggan. Trowelu mboten mbetahaken pakan ingkang mirunggan, menapa kemawon saged dipun suka-aken ananging ingkang wigati pakan wau langkung sae menawi dipun alum-aken rumiyin. Supados saged maksimal suryadi nyukani pakan arupi pelet mligi kangge trowelu, ijeman, sarta pakan tambahan arupi ampas tela sarta katul. Pakan arupi pelet dipun sukaaaken wanci dalu, sawetawis ijeman ing wanci dalu. Inggiling produksi daging wau nindaaken usaha budidaya trwelu saged kangge nyekapi kabetahan daging ing Indonesia.
Kajawi dagingipun, kulit lan wulunipun saged dipun mupangtaken dados manekawerni kerajinan sawetawis inthilipun saged dipun mupangataken kangge rabuk taneman. Mboten namung menika urine trowelu ugi gadahah bonbot ekonomi. Wekdal sakamenika suryadi gadhah trowelu jinis haila, rex, haikul engga limes giant.