Taneman Salak

Taneman Salak

TVRI YOGYAKARTA NEWS – WIDI-ABDUL ROCHIM

Para pamirsa, kadang tani ing laladan Ngandong, Girikerto Turi Sleman ing wekdal sakmenika sampun wiwiwt gantos taneman salakipun dados taneman kopi. Bab menika jalaran regi salak mirah, lan kaajab asiling tanman kopi samangke saged sae wusananipun saya nikelaken raharjaning kadang tani.

Lalaadan Ngandong, Girikerto Turi Sleman mujudaken setunggaling laladan ningkang kaloka minagka punjering salak pondoh. Saking asiling usaha tani menika duk rikala semanten saged kangge nyekapi kabetahan lan dados sumbering wulu wektu ingkang mikolehi. Anaging jumbuh kaliyan kawontenan, regi salak dados mandhap lan kadosdene mboten ajinipun, wusananipun ing wekdal sakmenika saperangan kadang tani mboten maskimal anggenipun ngrimat taneman salakiun. Pak Dwi saking Ngandong, Girikerto Turi Sleman nagnadaraken bilih anjloging regi salak pondoh ing laladan meniak jalaran ing sadengeh papan ugi sampun sami nanem salak pondoh, satemah saged dipun pestheken menawi nngepasi panen raya reginipun namung mirah. Piyambakipun ugi nguda rasa bilih andhaping regi menika jalaran duk rikala semanten, winih salak pondoh dipun sade ing sak jawining laladan, ingkang wusananipun produksi nipun ugi dados kathah. Sakjatosipun menawi kadang tani mboten mburu asil kanthi nyade winih salak, mbok menaaiw regi salak ugi mboten akdos sakmenika. Wekdal sakmenika saperangan kadang tani saking Ngandong, Girikerto Turi Sleman sampun wiwit nggantos taneman salakipun dados lahan tanbeman koipi, ingkang kaajab regionipun saged ajeg, saengga saged nikelaken karaharjaning warga masyarakat.

Pak dwi ugi atur panyawruwe, supados kadang tanbi mboten kapilut tumut sesarengan  nalika nanem setunggaling komidiutas tetanen, langkungs sae menawi ing setunggaling laladan mekaten  gadhjah ciri mirunggan piyambak, kanthi ngetrepaken one produk one village, saengga mboten dumados njlog-nlogan regi.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *