Nglestantunaken Daharan Tiwul

Nglestantunaken Daharan Tiwul

TVRI YOGYAKARTA NEWS – HENDRY

Minangka setunggaling daharan olahan saking tela, tiwul sakmenika tansaya kathah dipun remeni. Menapa malih tiwul sampun dipun olah kanthi manekawerni raos ingkang tansaya nambah echanipun daharan menika.

Tiwul mujudaken steunggaling daharan mirunggan ingkang kathah dipun prangguli nalika panjenengan ngendangi laladan Gunungkidul, inggih ing laladan mneika bahan baken utami arupi tela pohung kathah dipun budidaya dneing kadang tani. Ananging sakmeika ing pundi ppan ing Ngayogyakarta sage dipun prangguli bakul ingang nyade daharan tiwul menika. Salah setunggalipun inggih menika Eko saweneh bakul tiwul ingkang mbikak dassar wonten ing Mergi Jambon Kabupaten Sleman. Piyambakipun sampun nyade tiwula rikala tahun 2016 kapengker, utawi watawis sangang tahun kapengker. Mila bikanipun inggih raos tresnanipun dateng daharan saking tela menika. Piyambakipun kagungan penggalihan menawi daharan menika mboten dipun lestanytyunaken saged ical, kawon kaliyan daharan ingkang sakmenika tuwuh ngrembak aing ngayogyakarta ingkang dipun remeni dening wiranem.

Bahanbaken ingkang dipun ginaaken dneing eko dipun datengaken langsung saking kadang tani ing laladan Gunungkidul. Uiyambapun mbetahaken wekdal ngancik 4 wulan amrih saged pikantuk resep tiwul ingkang echa. Mboten maiben ing wandenipun menika kathah warga ingkang mundhut tiwul, kepara kathah-kathahipun wiranem. Gunggunging wraga ingkang mundhut tiwul ing papanipun tansaya kathah nalika ing wekdal preen panjang kadosta preen ba’da riyadi kalawingi, gunggungipun pesenan tiwul kathah amargi kejawi dipun dahar langsung ugi saged idpun dadosaken oleh-oleh. Piyambakipun ugi nyudiyaaken tiwul instan menawi badhe dipun betha dateng sakjawining laladan ngayogyakarta. Kejawi ndamel tiwul piyambakipun ugi ndamel manekawerni daharan saking tela kadosta gatot sawut lan sakpiturutipun. Menapa ingkang dipun tindaaken dneing Eko kangge nguri-uri daharan tradisional kanyata datengaken asil, sampun kathah pangalemban aingkang dipuntampi dening eko ing donyaning olahan daharan traduisional.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *